Alhamdulillah kanti tansah ngagungake Asma Allah, anakku sing lair wis tak golekne jeneng sing apik nurut aku lan ibune. Jarene poro pujonggo agung, lan ugo panadeging agomo, jeneng iku ora mung mjudake pandongo nanging ugo pepenginan lan panggayuh. Wiwitane aku isih bingung antarane jeneng kang islami, jowo, lan campuran antarane jowo lan islami. Referensi soko boso jowo kuno, wis tak kumpulne. Kangmas lan Mbakyuku ugo tansah paring pratikel marang aku. "SYIFANA AULIA AZZAHRA" jeneng iki sing wis tak pilih kanggo Anakku.Syifana seko tembung syifa' ing boso arab tegese "penyembuh", minongko obating kangen tumrape wong tuwo sing tansah ngenteni laire. Aulia iku tegese wong suci kang dadi pandoming agomo, Azzahra seko tembung zahra kang tegese kembang utowo jenenge kembang. Ing pangajab, ing tembe mburine mengko anakku kang wis biso dadi jamu tumrap kangene wong tuwo iki biso dadi kembang kang tansah anggondo arum, dadi hiasane donyo lan akherat koyodene poro aulia kang kang tansah lumaku ing dalan kang bener, manembah ing Gusti Allah, miturut wewalere agomo, kanthi adedhasar Qur'an lan sunnah Rasul.
 | ngomong apa siy?  |
 | wonoz wrote on Jul 17, '07 SYIFANA AULIA AZZAHRA Inilah tanda kasih dari Illahirabbi...hadirmu bagai cahaya yg tersenyum gembira, sungguh dikau anugrah yg Maha Esa....Kau bagai cahaya ketika malam menjelma yg dengan sinarmu mampu menembus lorong gelita....Bila dewasa jadilah insan yg berguna....senantiasa taat perintah-Nya. Amin |
 | subhanallah...naminipun sae sanget...aminen...mugi2 syifa dados anak sholehah.... |
 | mydks wrote on Jul 17, '07 SYIFANA AULIA AZZAHRA Inilah tanda kasih dari Illahirabbi...hadirmu bagai cahaya yg tersenyum gembira, sungguh dikau anugrah yg Maha Esa....Kau bagai cahaya ketika malam menjelma yg dengan sinarmu mampu menembus lorong gelita....Bila dewasa jadilah insan yg berguna....senantiasa taat perintah-Nya. Amin  Alhamdulillah........... Inggih matur nuwun Om Wono, pangestunipun Om. |
 | mydks wrote on Jul 17, '07 subhanallah...naminipun sae sanget...aminen...mugi2 syifa dados anak sholehah....  Amien....Matur nuwun. Insya Allah Mbak'e, minongko pangarep-arepe wong tuwo iki. |
 | Pinter tenan anggonmu golek jeneng kanggo anakmu. Aku dadi kelingan nalika golek jeneng kanggo anakku. Mbukaki kamus lan sak panunggale nganti mripatku rembes he he he, |
 | mydks wrote on Jul 17, '07 Pinter tenan anggonmu golek jeneng kanggo anakmu. Aku dadi kelingan nalika golek jeneng kanggo anakku. Mbukaki kamus lan sak panunggale nganti mripatku rembes he he he,  Inggih Pak Yo, meniko pepeling lan ugi pangajeng-ajeng kulo. Mugi-mugi gendhuk mangke dados wanito ingkang utomo. |
 | wah..kulo salud kang.....lam kenal soko blitar |
 | wah..kulo salud kang.....lam kenal soko blitar |
| |
|