Blog EntryOtonomi Daerah dan HutankuApr 29, '08 2:34 AM
for everyone
Dino iku 10 April 2008 aku lumaku ing tlatah Sulawesi Barat. Naliko tekan ing Kabupaten Polewali  Mandar, durung-durung aku wis kaget mergo kahanan kang adoh banget karo ing Kutho. Bahan bakar ing  kendaraan wis rng strip maneh, nanging antrean SPBU wonomulyo meh 2 km adohe. Iki dudu antre BBM, nanging pancen BBM nembe langka. Tambah kepikiran maneh, opo iki pemerataan pembangunan sing ceritakne poro pangembating projo.

Tekan ing Kabupaten Mamuju wis wayah esuk. Pancen kutho kang cilik, yen miturut pangrasaku luwik cilik tinimbang wnogiri kutho kelahiranku. Tak teruske anggonku lumaku marang tlatah Desa Bonehau, Kec. Bonehau, Kab. Mamuju. Ing kono aku nemoni kahanan kang  banget nggegirisi.

Alas kang sakdurunge (tahun 1998) klebu gung liwang-liwung, sakiki wis koyo dene preman gondrong kang mlebu dadi tentara. Kabeh  mau pokal gawene pengusaha kang dibantu dening poro birokrat. PT. Agro Mario Tarailu, duweke keluargane Bupati mamuju. Entuk ijin sokoo bupati nggarap alas didadekne perkebunan. Nanging dudu perkebunan sing dirampungne, mung sarono kanggo njupuk kayu sing larang regane (Kmersial & Eboni)

Opo pancen bener tembungku iki, "Otonomi daerah  ora bakal gawe daerah iku dadi gemahripah loh jinawi, nanging mung ndadekne  Kepala Daerah minongko rojo-rojo cilik kang tansah numpuk bondho".

Tak kiro Panjenengan sami kang mbiji dhewe, biso mirsani foto ing dhuwur.


Add a Comment
   
© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help