Blog EntrySERAT TRIPAMAAug 3, '07 10:48 AM
for everyone

Serat Tripama anggitanipun Swargi Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati Mangkunagara IV ing Surakarta. Diserat watoro taun 1860 - 1870.  Serat Tripama anggambaraken tuladhaning prajurit kang kawedhar ing 7 (pitung) pada pupuh dandanggula. Monggo poro kadang kang dadi anggota TNI utowo Polri, mugo-mugo biso dadi pandoming urip minongko pangembating projo.

 

1.

Yogyanira kang para prajurit,

lamun bisa sira anuladha,

duk ing uni caritane,

andelira sang prabu,

 


Sasrabahu ing Maespati,

aran patih Suwanda,

lelabuhanipun,

kang ginelung tri prakara,

guna kaya purun ingkang den antepi,

nuhoni trah utama

5.

Wonten malih kinarya palupi

Suryaputra Narpati Ngawangga

Lan Pandawa tur kadangé

Lan yayah tunggil ibu

Suwita mring Sang Kurupati

Anèng nagari Ngastina.

Kinarya gul-agul.

Manggala golonganing prang.

Bratayuda ingadegken Sénapati

Ngalaga ing kurawa

 

2.

Lire lelabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskarenga karya,

binudi daja unggule,

kaya sayektipun

duk bantu prang manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri,

Suwanda mati ngrana,

6.

Dèn mungsuhken kadangé pribadi,

Aprang tanding lan Sang Dananjaya,

Sri Karna suka manahé,

Anggonira pikantuk,

Marga dènya arsa males sih,

Mring Sang Duryudana,

Marmanta kalangkung,

Dènya ngetog kasudiran,

Aprang ramé Karna mati jinemparing,

Sumbaga wiratama

 

3.

Wonten malih tuladhan prayogi

Satriya gung nagari Ngalengka

Sang Kumbakarna arané

Tur iku warna diyu

Suprandené nggayuh utami

Duk wiwit prang Ngalengka

Dénya darbé atur

Mring raka amrih raharja

Dasamuka tan kéguh ing atur yekti

Déné mungsuh wanara

7.

Katri mangka sudarsanèng Jawi,

Pantes sagung kang para prawira,

Amirita sakadaré,

Ing lelabuhanipun,

Aywa kongsi buang palupi,

Menawa tibeng nistha,

ina èsthinipun,

Sanajan tékading buda,

Tan pradeba budi panduming dumadi,

Marsudi ing kotaman

 

4.

Kumbakarna kinèn mangsah jurit

Mring kang raka sira tan nglenggana

Nglungguhi kasatriyané

Ing tekad datan sujud

Amung cipta labuh nagari

lan nolih yayah rena

Myang leluhuripun

Wus mukti anèng Ngalengka

Mangké arsa rinusak ing bala kapi

Pun ugi mati ngrana


Add a Comment
   
© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help