Tulisan

Blog EntryOtonomi Daerah dan HutankuApr 29, '08 2:34 AM
for everyone
Dino iku 10 April 2008 aku lumaku ing tlatah Sulawesi Barat. Naliko tekan ing Kabupaten Polewali  Mandar, durung-durung aku wis kaget mergo kahanan kang adoh banget karo ing Kutho. Bahan bakar ing  kendaraan wis rng strip maneh, nanging antrean SPBU wonomulyo meh 2 km adohe. Iki dudu antre BBM, nanging pancen BBM nembe langka. Tambah kepikiran maneh, opo iki pemerataan pembangunan sing ceritakne poro pangembating projo.

Tekan ing Kabupaten Mamuju wis wayah esuk. Pancen kutho kang cilik, yen miturut pangrasaku luwik cilik tinimbang wnogiri kutho kelahiranku. Tak teruske anggonku lumaku marang tlatah Desa Bonehau, Kec. Bonehau, Kab. Mamuju. Ing kono aku nemoni kahanan kang  banget nggegirisi.

Alas kang sakdurunge (tahun 1998) klebu gung liwang-liwung, sakiki wis koyo dene preman gondrong kang mlebu dadi tentara. Kabeh  mau pokal gawene pengusaha kang dibantu dening poro birokrat. PT. Agro Mario Tarailu, duweke keluargane Bupati mamuju. Entuk ijin sokoo bupati nggarap alas didadekne perkebunan. Nanging dudu perkebunan sing dirampungne, mung sarono kanggo njupuk kayu sing larang regane (Kmersial & Eboni)

Opo pancen bener tembungku iki, "Otonomi daerah  ora bakal gawe daerah iku dadi gemahripah loh jinawi, nanging mung ndadekne  Kepala Daerah minongko rojo-rojo cilik kang tansah numpuk bondho".

Tak kiro Panjenengan sami kang mbiji dhewe, biso mirsani foto ing dhuwur.


Blog EntrySERAT TRIPAMAAug 3, '07 10:48 AM
for everyone

Serat Tripama anggitanipun Swargi Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati Mangkunagara IV ing Surakarta. Diserat watoro taun 1860 - 1870.  Serat Tripama anggambaraken tuladhaning prajurit kang kawedhar ing 7 (pitung) pada pupuh dandanggula. Monggo poro kadang kang dadi anggota TNI utowo Polri, mugo-mugo biso dadi pandoming urip minongko pangembating projo.

 

1.

Yogyanira kang para prajurit,

lamun bisa sira anuladha,

duk ing uni caritane,

andelira sang prabu,

 


Sasrabahu ing Maespati,

aran patih Suwanda,

lelabuhanipun,

kang ginelung tri prakara,

guna kaya purun ingkang den antepi,

nuhoni trah utama

5.

Wonten malih kinarya palupi

Suryaputra Narpati Ngawangga

Lan Pandawa tur kadangé

Lan yayah tunggil ibu

Suwita mring Sang Kurupati

Anèng nagari Ngastina.

Kinarya gul-agul.

Manggala golonganing prang.

Bratayuda ingadegken Sénapati

Ngalaga ing kurawa

 

2.

Lire lelabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskarenga karya,

binudi daja unggule,

kaya sayektipun

duk bantu prang manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri,

Suwanda mati ngrana,

6.

Dèn mungsuhken kadangé pribadi,

Aprang tanding lan Sang Dananjaya,

Sri Karna suka manahé,

Anggonira pikantuk,

Marga dènya arsa males sih,

Mring Sang Duryudana,

Marmanta kalangkung,

Dènya ngetog kasudiran,

Aprang ramé Karna mati jinemparing,

Sumbaga wiratama

 

3.

Wonten malih tuladhan prayogi

Satriya gung nagari Ngalengka

Sang Kumbakarna arané

Tur iku warna diyu

Suprandené nggayuh utami

Duk wiwit prang Ngalengka

Dénya darbé atur

Mring raka amrih raharja

Dasamuka tan kéguh ing atur yekti

Déné mungsuh wanara

7.

Katri mangka sudarsanèng Jawi,

Pantes sagung kang para prawira,

Amirita sakadaré,

Ing lelabuhanipun,

Aywa kongsi buang palupi,

Menawa tibeng nistha,

ina èsthinipun,

Sanajan tékading buda,

Tan pradeba budi panduming dumadi,

Marsudi ing kotaman

 

4.

Kumbakarna kinèn mangsah jurit

Mring kang raka sira tan nglenggana

Nglungguhi kasatriyané

Ing tekad datan sujud

Amung cipta labuh nagari

lan nolih yayah rena

Myang leluhuripun

Wus mukti anèng Ngalengka

Mangké arsa rinusak ing bala kapi

Pun ugi mati ngrana


Blog EntrySerat SabdajatiAug 2, '07 10:35 AM
for everyone
Monggo, poro kadang sing nate mireng Serat Sabdajati. Anggitane Pujangga agung Kraton Surakarta Raden Ngabehi Ronggowarsito kang wiyos ing tahun 1802. Miturut ature poro sepuh, ing pupuh iki panjenengane wis biso ngramal kapan bakal puput yuswo. Percoyo opo ora, tak sumanggakake panjengan sami.

Akeh pitutur kang banget agung ing kene tumrape kito kabeh kanggo urip bebrayan ing alam ndonya.

1.

Aywa pegat ngudia ronging budyayu,

margane suka basuki,

dimen luwar kang kinayun,

kalis ing panggawe sisip,

ingkang taberi prihatos.

 

2.

Ulatana kang nganti kisa kapangguh,

galedhahen kang sayekti,

talitinen aywa kleru,

larasen sajroning ati,

den tumanggap dimen manggon.

 

3.

Pamanggonane aneng pangesthi rahayu,

angayomi ing tyas wening,

eninging ati kang suwung,

nanging sajatine isi,

isine cipta kang yektos.

 

4.

Lakonana kalawan sabaring kalbu,

yen den obah neniwasi,

kasusupan setan gundhul,

ambebedhung nggawa kandhi,

isine rupiyah keton.

 

5.

Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,

dadi pakuwoning eblis,

klebu mring alam pakewuh,

ewuh pana ninging ati,

temah wuru kabesturon.

 

6.

Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,

ayuning tyas sipat kuping,

kinepung panggawe rusuh,

lali pasihaning Gusti,

ginuntingan kaya mernos.

 

7.

Parandene kabeh kang samsya andulu,

ulap kelilipen wedhi,

akeh wong kang padha sujud,

kinira yen Jabaril,

kautus dening Hyang Manon.

 

8.

Yen kang uning marang sajatining kawruh,

kewuhan sajroning ati,

yen tan niru ora arus,

uripe kaesi-esi,

yen nirua dadi asor.

 

9.

Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,

anggelar sakalir-kalir,

kalamun temen tinemu

kabegjane anekani,

kemurahaning Hyang Manon.

 

10.

Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,

yen tementemen sayekti,

Allah aparing pitulung,

nora kurang sandhang bukti,

saciptanira kalakon.

 

11.

Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,

saka mangunahing Widdhi,

ambuka warananipun,

aling-aling kang ngalingi,

angalingkap temah katon.

 

12.

Para janma sajroning jaman pakewuh,

kasudranira andadi,

daurune saya ndarung,

keh tyas mirong murang margi,

kasetyan wus ora katon.

 

13.

Katuwone winawas dahat matrenyuh,

kenyaming sasmita yekti,

sanityaseng tyas malatkung,

kongas welase kapati,

sulaking jaman prihatos.

 

14.

Waluyane benjing yen wis ana Wiku,

memuji ngesthi sawiji,

sabuk lebu lir majenun,

galibedan tudang-tuding,

anacahken sakehing wong.

 




Blog EntryJENENG KANGGO ANAKKUJul 16, '07 10:53 PM
for everyone
Alhamdulillah kanti tansah ngagungake Asma Allah, anakku sing lair wis tak golekne jeneng sing apik nurut aku lan ibune. Jarene poro pujonggo agung, lan ugo panadeging agomo, jeneng iku ora mung mjudake pandongo nanging ugo pepenginan lan panggayuh.

Wiwitane aku isih bingung antarane jeneng kang islami, jowo, lan campuran antarane jowo lan islami. Referensi soko boso jowo kuno, wis tak kumpulne. Kangmas lan Mbakyuku ugo tansah paring pratikel marang aku.

"SYIFANA AULIA AZZAHRA" jeneng iki sing wis tak pilih kanggo Anakku.Syifana seko tembung syifa' ing boso arab tegese "penyembuh", minongko obating kangen tumrape wong tuwo sing tansah ngenteni laire. Aulia iku tegese wong suci kang dadi pandoming agomo, Azzahra seko tembung zahra kang tegese kembang utowo jenenge kembang.

Ing pangajab, ing tembe mburine mengko anakku kang wis biso dadi jamu tumrap kangene wong tuwo iki biso dadi kembang kang tansah anggondo arum, dadi hiasane donyo lan akherat koyodene poro aulia kang kang tansah lumaku ing dalan kang bener, manembah ing Gusti Allah, miturut wewalere agomo, kanthi adedhasar Qur'an lan sunnah Rasul.


Blog EntryMANGANYU BAGYO LAIRE ANAKKUJul 15, '07 2:30 AM
for everyone
Watoro  Jam 12.40 Wita  Ibu mertuaku Telpon.  Anakku wis laire cewek. Alhamdulillah...puji syukur tansah  konjuk ing Gusti Kang Akaryo Jagad.

Amung roso salah ing atiku, mergo ora bisa  nunggoni anggone  lair sak wise wingi aku nembe mulih seko Kendari lan kudu  ngrampungne laporan. Matur nuwun marang diajeng Thwosi, wis biso dadi sisihan sing bekti, dadi ibu kanggo anakku, nrimo lan sabar nadyan aku ora ono naliko "berjuang" nglairke anakku..

Nyuwun pandongane poro kadang kabeh, mugo-mugo anakku biso dadi wanito kang utomo, tansah manut ing paugerane Agomo, biso njogo jenenge wong tuwo.

Blog EntryNGENTENI KEMBANGE URIP BEBRAYANJul 14, '07 9:52 AM
for everyone
Wis ngancik condro kaping songo anggone bojoku ngandhut sing kapisan. Wanti-wanti welinge swargi Bapak lan Ibu naliko semono, ora mung kanggo aku nanging ugo kanggo bojoku. Sakabehing wewaler lan ugo sengkalaning wong ngandhut tansah cinathet ing buku lan dadi pepeling.

Wis watoro seminggu iki mung anane sumelang lan kuatir. Kapan wektune, amung Gusti Kang Moho Agung kang pirso. Sanadyan jagating kedokteran wis nduweni peralatan kang canggih, naning pepesten iku durung biso ono pangirane.

Wiwit naliko sepisanan ono ing dokter nganti kang pungkasan minggu wingi, pancen aku ora takon lanang opo wedok calon anakku, opo wae paringe Gusti yo iku pancen amanah kang kudu tak tindak'ake.

Nyuwun pandongane kabeh, mugo-mugo anak lan bojoku tansah pinaringan seger, waras, soko Gusti Kang Moho Agung.



Blog EntrySepenggal AnganFeb 8, '07 1:50 AM
for everyone
Sakabehing pitakonan tansah mandeg ing atiku. Opo wong liyo ugo nate ngrasakke koyo dene sing tak rasakne saiki ? Mbok menowo iki mung pangrasaku wae, nanging sak wise tak pikir pirang-pirang dino, nganti meh sak wulan durung ono dalan sing apik kanggo aku. Mugo-mogo konco-konco sing moco iki biso mbantu aku ngluwari masalah iki.

Gaweyanku ora abot mungguhing tenaga kerja saiki. Minongko staf keuangan, gaweyanku ming babagan keuangan lan pajak. Ing wulan Desember, aku pindhahke ing financial controller lan wiwit dino iku kadadeyan-kadadeyan sing orang ngepenakake atiku tansah tak weruhi.

Sawijining dino aku arep mbukak laporan kas ing komputer staf keuangan, ing kono aku moco email marketing. Isine rodo aneh. Aku penasaran, terus tak buka siji-siji. Bingung, mikir, mumet sing tak rasakne wektu iku. Ono perjanjian antarane si A karo pembeli sing isine si A entuk komisi 1 % soko pembeli ing Singapura lan diangkat minongko representatif ing Indonesia kanti gaji 650 US$. Jumlah sing ora mung lumayan kanggo level supervisor ing panggonanku kerjo.

Rong dino sak wise kedadeyan iku, aku ngomong karo konco sing biso tak percoyo, soko konco iku aku entuk gambaran kahanan ing rumah tanggane si A sing lagi marat-marit telung wulan kepungkur lan akeh nandang utang. Tak pikir-pikir terus nganti pirang-pirang dino ing omah.

Rong Minggu kepungkur, aku nate moco e-mail sing unine "please send your e-mail to ......@........" 
Penasaran ..............!!!! Sidane komputere tak pasang key logger pinuju aku lembur bengi. Minggu wingi nembe biso tak bukak lan isine malah t5ambah bingung aku. Kanyatane hubungan antara si A kalawan wong singapura iki wis kedadeyan wiwit wolung wulan kepungkur, ateges sak durunge ono kedadeyan morat-marite bebrayane.

Aku wis gawe laporan marang direktur, nanging mangu-mangu atiku. Opo kanti e-mail sing tak woco iki wis biso dadi bukti ? Kepiye mengko sesrawunganku karo si A ?

Mugo-mugo ono sing bisa bantu aku ngrampungne masalah iki.

Blog EntryKutbah Jum'at ini ( Salam )Oct 13, '06 3:24 AM
for everyone

Gak banyak yang bisa dipahami dengan jelas, hanya Qur'an Surat An Nuur Ayat 21 yang masih jelas dapat dibaca ulang.

"Tidak ada halangan bagi orang buta, tidak (pula) bagi orang pincang, tidak (pula) bagi orang sakit, dan tidak (pula) bagi dirimu sendiri, makan (bersama-sama mereka) di rumah kamu sendiri atau di rumah bapak-bapakmu, di rumah ibu-ibumu, di rumah saudara-saudaramu yang laki-laki, di rumah saudaramu yang perempuan, di rumah saudara bapakmu yang laki-laki di rumah saudara bapakmu yang perempuan, di rumah saudara ibumu yang laki-laki di rumah saudara ibumu yang perempuan, di rumah yang kamu miliki kuncinya atau di rumah kawan-kawanmu. Tidak ada halangan bagi kamu makan bersama-sama mereka atau sendirian. Maka apabila kamu memasuki (suatu rumah dari) rumah-rumah (ini) hendaklah kamu memberi salam kepada (penghuninya yang berarti memberi salam) kepada dirimu sendiri, salam yang ditetapkan dari sisi Allah, yang diberi berkat lagi baik. Demikianlah Allah menjelaskan ayat-ayat (Nya) bagimu, agar kamu memahaminya".

يْسَ عَلَى الأعْمَى حَرَجٌ وَلا عَلَى الأعْرَجِ حَرَجٌ وَلا عَلَى الْمَرِيضِ حَرَجٌ وَلا عَلَى أَنْفُسِكُمْ أَنْ تَأْكُلُوا مِنْ بُيُوتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ آبَائِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أُمَّهَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ إِخْوَانِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخَوَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَعْمَامِكُمْ أَوْ بُيُوتِ عَمَّاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخْوَالِكُمْ أَوْ بُيُوتِ خَالاتِكُمْ أَوْ مَا مَلَكْتُمْ مَفَاتِحَهُ أَوْ صَدِيقِكُمْ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَأْكُلُوا جَمِيعًا أَوْ أَشْتَاتًا فَإِذَا دَخَلْتُمْ بُيُوتًا فَسَلِّمُوا عَلَى أَنْفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِنْ عِنْدِ اللَّهِ مُبَارَكَةً طَيِّبَةً كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ


Blog EntryKodratOct 13, '06 2:18 AM
for everyone
وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُونَ

When My servants ask thee concerning Me, I am indeed close (to them): I listen to the prayer of every suppliant when he calleth on Me: Let them also, with a will, Listen to My call, and believe in Me: That they may walk in the right way.

Dan apabila hamba-hamba-Ku bertanya kepadamu tentang Aku, maka (jawablah), bahwasanya Aku adalah dekat. Aku mengabulkan permohonan orang yang berdoa apabila ia memohon kepada-Ku, maka hendaklah mereka itu memenuhi (segala perintah) Ku dan hendaklah mereka beriman kepada-Ku, agar mereka selalu berada dalam kebenaran. (QS : Al Baqarah ; 186)



Blog EntryBingung ........Sep 7, '06 10:45 PM
for everyone
Mungkin ini hari-hariku yang paling melelahkan. Gak tau capeknya kenapa. Persiapan mau kawin mesti ngurusin segala macam perlengkapan. Surat-surat dari kelurahan, dari KUA, ijasah, dll. Mana foto aja sampai 3 kali salah, dari warna background yang salah sampai ukuran yang salah. Masya Allah........

Lagi pendekatan juga sama teman-teman yang punya pengalaman menikah. Maksudnya yang sudah menikah. Makasih buat Mas Tadin, Mas Rokhmat, dll yang sudah kasih advice. Spesial untuk adindaku yang selalu kasih support.


الْيَوْمَ أُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبَاتُ وَطَعَامُ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ حِلٌّ لَكُمْ وَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَهُمْ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ الْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ إِذَا آتَيْتُمُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ مُحْصِنِينَ غَيْرَ مُسَافِحِينَ وَلا مُتَّخِذِي أَخْدَانٍ وَمَنْ يَكْفُرْ بِالإيمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهُ وَهُوَ فِي الآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ


"Pada hari ini dihalalkan bagimu yang baik-baik. Makanan (sembelihan) orang-orang yang diberi Al Kitab itu halal bagimu, dan makanan kamu halal pula bagi mereka. (Dan dihalalkan mengawini) wanita-wanita yang menjaga kehormatan di antara wanita-wanita yang beriman dan wanita-wanita yang menjaga kehormatan di antara orang-orang yang diberi Al Kitab sebelum kamu, bila kamu telah membayar maskawin mereka dengan maksud menikahinya, tidak dengan maksud berzina dan tidak (pula) menjadikannya gundik-gundik. Barang siapa yang kafir sesudah beriman (tidak menerima hukum-hukum Islam) maka hapuslah amalannya dan ia di hari akhirat termasuk orang-orang merugi.
"  Al-Maidah Ayat 5

Blog EntrySyukurSep 7, '06 4:59 AM
for everyone
Tak ada lagi yang bisa diucapkan selain puji dan syukur ke hadirat-Nya. Penyesalan atas masa lalupun tak berguna. Tak bisa kutekan ctrl+z untuk mengulang atau tipe-ex untuk koreksi. Semua tinggal evaluasi dan berbenah diri.


Bersimpuh dan sujud di hadapan-Mu
lembut kuelus sela-sela jari takdirmu,
mengharap naungan ridho-Mu
akulah debu kotor di hadapan-Mu,
tak sanggup penuhi kodratku,
kadang berlalu........


© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help