 | Sugeng Rawuh !!!!!!!!! | Sep 7, 2006 |
Assalamu'alaikum ........... Sugeng Rawuh Sedoyo !!! Sak wijining caraku kanggo ngaturake roso lan pangarep-arepku, amung kanthi blog iki. Mugo-mugo Kang Moho Kawasa tansah paring pepadhang marang aku. |  | Ijin Areal PT. Agro Mario Tarailu kanggo perkebunan sawit. Sakdurunge nate ono penelitian, lan rekomendasine tlatah bonehau cocok kanggo perkebunan coklat. Kok ono pengusaha perkebunan sawit kang entuk ijin soko Bupati ?
Mosok ono sawmill neng tengah perkebunan ?
Naliko Gubernur karo anggota DPRD arep munggah ing bonehau, sedin sakdurunge bibit-bibit sawit nembe digowo munggah ing bonehau. Lelucon iki pancen wis dadi reality show ing Kabupaten Mamuju. |
Dino iku 10 April 2008 aku lumaku ing tlatah Sulawesi Barat. Naliko tekan ing Kabupaten Polewali Mandar, durung-durung aku wis kaget mergo kahanan kang adoh banget karo ing Kutho. Bahan bakar ing kendaraan wis rng strip maneh, nanging antrean SPBU wonomulyo meh 2 km adohe. Iki dudu antre BBM, nanging pancen BBM nembe langka. Tambah kepikiran maneh, opo iki pemerataan pembangunan sing ceritakne poro pangembating projo.
Tekan ing Kabupaten Mamuju wis wayah esuk. Pancen kutho kang cilik, yen miturut pangrasaku luwik cilik tinimbang wnogiri kutho kelahiranku. Tak teruske anggonku lumaku marang tlatah Desa Bonehau, Kec. Bonehau, Kab. Mamuju. Ing kono aku nemoni kahanan kang banget nggegirisi.
Alas kang sakdurunge (tahun 1998) klebu gung liwang-liwung, sakiki wis koyo dene preman gondrong kang mlebu dadi tentara. Kabeh mau pokal gawene pengusaha kang dibantu dening poro birokrat. PT. Agro Mario Tarailu, duweke keluargane Bupati mamuju. Entuk ijin sokoo bupati nggarap alas didadekne perkebunan. Nanging dudu perkebunan sing dirampungne, mung sarono kanggo njupuk kayu sing larang regane (Kmersial & Eboni)
Opo pancen bener tembungku iki, "Otonomi daerah ora bakal gawe daerah iku dadi gemahripah loh jinawi, nanging mung ndadekne Kepala Daerah minongko rojo-rojo cilik kang tansah numpuk bondho".
Tak kiro Panjenengan sami kang mbiji dhewe, biso mirsani foto ing dhuwur.
|  | Iki fotone Zahra naliko umur 4 wulan. |
|  | Nyuwun pangapunten kanggo poro kadang WCC, foto wis telung wulan kepungkur nembe tak upload ing kene. Yo idhep-idhepe golek mangan kanggo anak bojo, nganti tak rewangi lumaku adoh soko panggonanku dhewe. Sepisan maneh nyuwun pangapunten. |
Rekaman anakku naliko arep aqiqah tgl 23 Juli 2007 MOV00277.3GP (994 KB)
Serat Tripama anggitanipun Swargi Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati Mangkunagara IV ing Surakarta. Diserat watoro taun 1860 - 1870. Serat Tripama anggambaraken tuladhaning prajurit kang kawedhar ing 7 (pitung) pada pupuh dandanggula. Monggo poro kadang kang dadi anggota TNI utowo Polri, mugo-mugo biso dadi pandoming urip minongko pangembating projo. | 1. | Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladha, duk ing uni caritane, andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama | 5. | Wonten malih kinarya palupi Suryaputra Narpati Ngawangga Lan Pandawa tur kadangé Lan yayah tunggil ibu Suwita mring Sang Kurupati Anèng nagari Ngastina. Kinarya gul-agul. Manggala golonganing prang. Bratayuda ingadegken Sénapati Ngalaga ing kurawa | | 2. | Lire lelabuhan tri prakawis, guna bisa saniskarenga karya, binudi daja unggule, kaya sayektipun duk bantu prang manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri, Suwanda mati ngrana, | 6. | Dèn mungsuhken kadangé pribadi, Aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahé, Anggonira pikantuk, Marga dènya arsa males sih, Mring Sang Duryudana, Marmanta kalangkung, Dènya ngetog kasudiran, Aprang ramé Karna mati jinemparing, Sumbaga wiratama | | 3. | Wonten malih tuladhan prayogi Satriya gung nagari Ngalengka Sang Kumbakarna arané Tur iku warna diyu Suprandené nggayuh utami Duk wiwit prang Ngalengka Dénya darbé atur Mring raka amrih raharja Dasamuka tan kéguh ing atur yekti Déné mungsuh wanara | 7. | Katri mangka sudarsanèng Jawi, Pantes sagung kang para prawira, Amirita sakadaré, Ing lelabuhanipun, Aywa kongsi buang palupi, Menawa tibeng nistha, ina èsthinipun, Sanajan tékading buda, Tan pradeba budi panduming dumadi, Marsudi ing kotaman | | | 4. | Kumbakarna kinèn mangsah jurit Mring kang raka sira tan nglenggana Nglungguhi kasatriyané Ing tekad datan sujud Amung cipta labuh nagari lan nolih yayah rena Myang leluhuripun Wus mukti anèng Ngalengka Mangké arsa rinusak ing bala kapi Pun ugi mati ngrana | Monggo, poro kadang sing nate mireng Serat Sabdajati. Anggitane Pujangga agung Kraton Surakarta Raden Ngabehi Ronggowarsito kang wiyos ing tahun 1802. Miturut ature poro sepuh, ing pupuh iki panjenengane wis biso ngramal kapan bakal puput yuswo. Percoyo opo ora, tak sumanggakake panjengan sami. Akeh pitutur kang banget agung ing kene tumrape kito kabeh kanggo urip bebrayan ing alam ndonya. 1. | Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. | | 2. | Ulatana kang nganti kisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen sajroning ati, den tumanggap dimen manggon. | | 3. | Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sajatine isi, isine cipta kang yektos. | | 4. | Lakonana kalawan sabaring kalbu, yen den obah neniwasi, kasusupan setan gundhul, ambebedhung nggawa kandhi, isine rupiyah keton. | | 5. | Lamun kongsi korup mring panggawe dudu, dadi pakuwoning eblis, klebu mring alam pakewuh, ewuh pana ninging ati, temah wuru kabesturon. | | 6. | Nora kengguh mring pamardi reh rahayu, ayuning tyas sipat kuping, kinepung panggawe rusuh, lali pasihaning Gusti, ginuntingan kaya mernos. | | 7. | Parandene kabeh kang samsya andulu, ulap kelilipen wedhi, akeh wong kang padha sujud, kinira yen Jabaril, kautus dening Hyang Manon. | | 8. | Yen kang uning marang sajatining kawruh, kewuhan sajroning ati, yen tan niru ora arus, uripe kaesi-esi, yen nirua dadi asor. | | 9. | Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung, anggelar sakalir-kalir, kalamun temen tinemu kabegjane anekani, kemurahaning Hyang Manon. | | 10. | Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun, yen tementemen sayekti, Allah aparing pitulung, nora kurang sandhang bukti, saciptanira kalakon. | | 11. | Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur, saka mangunahing Widdhi, ambuka warananipun, aling-aling kang ngalingi, angalingkap temah katon. | | 12. | Para janma sajroning jaman pakewuh, kasudranira andadi, daurune saya ndarung, keh tyas mirong murang margi, kasetyan wus ora katon. | | 13. | Katuwone winawas dahat matrenyuh, kenyaming sasmita yekti, sanityaseng tyas malatkung, kongas welase kapati, sulaking jaman prihatos. | | 14. | Waluyane benjing yen wis ana Wiku, memuji ngesthi sawiji, sabuk lebu lir majenun, galibedan tudang-tuding, anacahken sakehing wong. | |  | Gambar ing ngisor iku naliko aku mulih ketemu karo anak bojo lan acara aqiqah anakku tanggal 23 Juli 2007.
Matur nuwun kagem sing wis kerso rawuh. Awit pandongo panjenengan kabeh, mugo-mugo anakku biso dadi wanito kang utomo tumrape nuso, bongso lan agomo. |
Alhamdulillah kanti tansah ngagungake Asma Allah, anakku sing lair wis tak golekne jeneng sing apik nurut aku lan ibune. Jarene poro pujonggo agung, lan ugo panadeging agomo, jeneng iku ora mung mjudake pandongo nanging ugo pepenginan lan panggayuh. Wiwitane aku isih bingung antarane jeneng kang islami, jowo, lan campuran antarane jowo lan islami. Referensi soko boso jowo kuno, wis tak kumpulne. Kangmas lan Mbakyuku ugo tansah paring pratikel marang aku. "SYIFANA AULIA AZZAHRA" jeneng iki sing wis tak pilih kanggo Anakku.Syifana seko tembung syifa' ing boso arab tegese "penyembuh", minongko obating kangen tumrape wong tuwo sing tansah ngenteni laire. Aulia iku tegese wong suci kang dadi pandoming agomo, Azzahra seko tembung zahra kang tegese kembang utowo jenenge kembang. Ing pangajab, ing tembe mburine mengko anakku kang wis biso dadi jamu tumrap kangene wong tuwo iki biso dadi kembang kang tansah anggondo arum, dadi hiasane donyo lan akherat koyodene poro aulia kang kang tansah lumaku ing dalan kang bener, manembah ing Gusti Allah, miturut wewalere agomo, kanthi adedhasar Qur'an lan sunnah Rasul. |  | Anggonku lumaku iki, budhal soko Makassar, numpak angkutan darat tumuju ing pelabuhan Bajoe, Kab. Bone. Numpak Kapal ferry ASDP 10 jam nganti tekan Kab. Kolaka. Sak banjure aku budhal neng Kendari, Kab. Bombana, lan Balik maneh neng Kendari.
Nyuwun sewu, yen fotone ora apik, awit iki hasile Hp Sony Ericssons K618i sing resolusine mung 2 Mp |
Watoro Jam 12.40 Wita Ibu mertuaku Telpon. Anakku wis laire cewek. Alhamdulillah...puji syukur tansah konjuk ing Gusti Kang Akaryo Jagad. Amung roso salah ing atiku, mergo ora bisa nunggoni anggone lair sak wise wingi aku nembe mulih seko Kendari lan kudu ngrampungne laporan. Matur nuwun marang diajeng Thwosi, wis biso dadi sisihan sing bekti, dadi ibu kanggo anakku, nrimo lan sabar nadyan aku ora ono naliko "berjuang" nglairke anakku.. Nyuwun pandongane poro kadang kabeh, mugo-mugo anakku biso dadi wanito kang utomo, tansah manut ing paugerane Agomo, biso njogo jenenge wong tuwo. Wis ngancik condro kaping songo anggone bojoku ngandhut sing kapisan. Wanti-wanti welinge swargi Bapak lan Ibu naliko semono, ora mung kanggo aku nanging ugo kanggo bojoku. Sakabehing wewaler lan ugo sengkalaning wong ngandhut tansah cinathet ing buku lan dadi pepeling. Wis watoro seminggu iki mung anane sumelang lan kuatir. Kapan wektune, amung Gusti Kang Moho Agung kang pirso. Sanadyan jagating kedokteran wis nduweni peralatan kang canggih, naning pepesten iku durung biso ono pangirane. Wiwit naliko sepisanan ono ing dokter nganti kang pungkasan minggu wingi, pancen aku ora takon lanang opo wedok calon anakku, opo wae paringe Gusti yo iku pancen amanah kang kudu tak tindak'ake. Nyuwun pandongane kabeh, mugo-mugo anak lan bojoku tansah pinaringan seger, waras, soko Gusti Kang Moho Agung. Link: http://virusindonesia.comSitus untuk aplikasi antivirus indonesia. Banyaknya yang dibangun dengan virus vb, dan delphi buatan anak indonesia. Lumayan bagus kok.  |  | Gambar iki naliko aku ono ing Mamuju, Sulawesi Barat. Lokasi HPH-ne PT. Rante Mario. Naliko lewat ing sepanjang Sungai Budong-budong, aku mung weruh sepanjang pinggir kali perambahan kanggo perkebunan coklat. Pas ono kesempatan tekan blok tebangane, masya Allah.... jian nggegirisi hasil soko penebangan HPH. Sanajan duwe HPH, nanging ora ono reboisasi ing kono. Mbok menowo iki PR sing cukup gedhe kanggo Departemen Kehutanan. Kiro-kiro nek weruh iki, opo MS Kaban wani nantang aktifis Walhi maneh yo ?
|
|  | Mungkin ini sebab dari semuanya, mungkin juga tidak. Perambahan di hutan sepanjang sungai menyebabkan serosi dan kerusakan yang cukup parah |
|  | Ini foto-foto bekas banjir sepanjang 25 Km di Sungai Budong-budong Kabupaten Mamuju. Penelusuran dari Salulebbo, Kec. Karosa sampai Jembatan Kec. Topoyo. |
 | Catetan ingkang kerso rawuh | |
 |
sugeng pitepangan mas  Matur nuwun Jeng Ratu. Inggih nderek pitepangan ugi. Matur nuwun kerso pinarak.... |
 |
Matur Nuwun..Daleem mas..Ngintip bentar yo mas..(moga ngk salah nulis yo mas)  Monggo Jeng.... matur nuwun kerso rawuh. Mboten lepat Jeng, mbok menawi namung dereng kulino ngagem boso jowo kemawon. |
 |
Matur Nuwun..Daleem mas..Ngintip bentar yo mas..(moga ngk salah nulis yo mas)
|
 |
Mongg Mas Mbak.. . . kabagyan ingkang tanpo utami Panjenengan kerso pinarak. |
 |
Sugeng Injang,,,,,, nuwun sewu badhe nderek mampir.... wonten mriki..... matur suwun mas.. |
 |
Nggih Mas... Monggo... Matur kepareng pinarak. Waduh karawuhan tamu agung iki. Monggo-monggo.. |
 |
Kulonuwun... amit kie mas..numpang ngadem sedelo nggih :D
|
 |
Assalamulaikum Mulyadi. Halaman you sungguh menarik....Salam Kenalan dari saya....TuahBugis |
 |
hai hai.. Come Visit My Online Shop, Click www.lennashop.com..
Come visit and you will see many items that you can buy. We are based in Indonesia and Shipped Items Worldwide.
Please dont hesitate to contact me on my Yahoo Messenger.lennajohan  or you can E-mail me on lennajohan@yahoo.com www.lennashop.comHappy Shopping... |
| |